Wee Meng Chee

Wee Meng Chee (Chinese: 黄明志; Pinyin: Wee Meng Chee (Hainanese Pinyin)) miyos taun 1983 ing Muar, Johor. Chee kalebet lulusan Ilmu Komunikasi ing Universitas Ming Chuan, ing Taiwan. Panjenenganipun misuwur kanthi nama Namewee ing YouTube. Nalika tanggal 7 Agustus 2007, Chee sampun damel gégér amargi ngripta vidéo rap kanthi irah-irahan Nagarakuku ingkang ngginakaken sepalih saking lirik lagu kebangsaan Malaysia Nagaraku. Lagu rap punika dipunlapuraken amargi sampun ngina nagara, bangsa, agami, lan karajan Malaysia. Wee Meng Chee salajengipun nyuwun pangapunten dhateng sinten kemawon ingkang ngraos sampun dipunina amargi vidéo kasebat wonten ing koran The Sun ing tanggal 15 Agustus 2007. Nanging bab nyuwun pangapunten kalawau boten amargi Chee sampud damel vidéo wau. Sasanèsipun punika, Chee ugi ngraos boten kuciwa amargi Chee mratèlakaken boten wonten maksud ngina nagari Malaysia. Nagarakuku punika lagu rap riptaanipun Wee Meng Chee, ingkang ugi saged dipunsebat Namewee. Nagarakuku dipunrilis ing YouTube ing tanggal 15 Juli 2007 kanthi irah-irahan ing basa Cina "我愛我的國家 Nagarakuku (2007大馬觀光年主題曲)", lan dipuntarjamahaken dados Kula Tresna "Nagaraku Nagarakuku".


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search